Rabu, 17 Agustus 2011

ojo sujono

 Aku wes ngaku salah kondho sak nyatane.....
soko ati ramung ono lambe....
geni sing neng ati enggal disirami...
yoben adem koyo dek wingi...
 

*

Mbak wis ojo sujono..ojo nyekso rogo....
trewsno kui mesti ono godho....

*

Selasa, 29 Maret 2011

Babagan

Wanci saestu awrat nguri-uri boso jawi meniko, menopo melih mboten wonten ingkang nuntun, utawi tiyang ingkang mumpuni babagan boso jawi nuntun kito sami.




nJih monggo kito sesarengan mbudidiyo amrih lestantunnipun boso lan budoyo kito meniko.

mBok bilih kadang FKOG kagungan sederek, munopo tiyang sepuh munopo sinten kemawon, ingkang mumpuni babakan meniko, lan kerso nuntun kito sinau boso ingkeng leres lan pener, dipun sumanggak'aken.



Ingpangajab, anggen kito sinau meniko mboten nlenceng saking paugeran toto kromo, boso, lan budayo.
 
 
Menawi saestu makaten kados andadosaken mongkok ing manah, ananging kawontenan meniko awrat anggenipun badhe anuhoni, awit kados kados sameniko sampun tansoyo kirang ingkang micoro ngagem boso kromo inggil mawi boso kromo madyo kemawon sampun awis awis.


Nyuwun pangapunten sak derengipun mbok bilih mboten andadosaken renaning penggalih, mbok bilih cobi dipun dandosi anggenipun nyerat monggo mawi boso kromo ingkang jangkep.

Sepindah malih nyuwun pangapunten, sedoyo meniko namung gegujengan, ugi monggo monggo sami pados margining kaindakan seserepan wonten babagan meniko.