Senin, 27 Desember 2010

Pidato Bahasa Jawa

endif]-->السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته




اَلْحَمْدُ لله الذى اَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْمَةِ اْلاِيْمَانِ وَاْلاِسْلاَمِ. وَاَوْ جَبَّ عَلَيْنَا بِالصَّلاَةِ وَالصَّيَامِ. وَأَمَرَ نَا بِالاِّ تِّحَادِ وَصِلَةِ ا ْلاَرْحَامِ. وَالصَّلاَ ةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِ نَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ ا ْلاَنَامِ. وَعَلَى اَلِهِ واَصْحَا بِهِ الْكِرَامِ. أ مّا بعد. مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَا ئِزِيْنَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّ وَمِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ.





Poro Bapak, Poro Ibu, hadirin sekalian ingkang kulo hormati !



Langkung rumiyin kulo muji syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT, ingkang sampun paring Rohmat shoho ni’mat, sehingga kulo lan panjenengan saget pepanggihan wonten meniko majlis, dalam rangka “bersilaturrohim”, utawi resepsi “Halal bi halal” kanti keadaan sehat wal afiat, sami ugi sehat lahiriah, utawi batiniyah.



Kaping kalihipun Rohmat Ta’dzim dan salam bahagia Alloh, mugio tetep dipun limpahaken dateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, shoho poro ahli keluarga lan sahabatipun.



Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalian !



Wonten ing saat meniko kito sampun manggihi wulan syawal malih. Kranten wonten ing wulan sakderengipun yakni wonten ing wulan Romadhon kito sampun sukses nindakaken ibadah puasa sebulan penuh. Kanti menambah amalan-amalan ibadah lintunipun kados dene sholat tarowih, tadarus Al-Qur’an lan sanesipun. Lan ugi wonten akhiripun wulan Romadhon kita tutup mawi Zakat Fitrah kanti harapan kulo mugi-mugi nopo ingkang kito laksanakaken wonten ing wulan Romadhon kolo wahu minongko dados amal ingkah sholeh. Ingkang mbuahaken amalan-amalan ingkang sahe wonten wulan-wulan sakterusipun, sehinggo saget ndadosaken fitrah utawi lambang kesucian, wonten ing manah kito sedoyo.



Poro Rawuh ingkang kulo hormat !



Kranten hikmah nindaaken ibadah poso meniko disamping kito ninda’aken perintahipun Allah SWT kanti ngeker hawa nafsu wonten ing siangipun wulan Romadhon, meniko ugi kito saget ngraosaken betapa sedih lan gelisahipun si Fakir-Miskin ingkang wonten ing saben dintenipun selalu ditimpa kekurangan dahar, ngunjuk, shoho keluhan lan kelemahan tenogo, ingkang akhiripun kito timbul roso belas kasihan kito dateng Fakir Miskin, sehinggo kito purun nafkahaken sebagian harta benda kito kangge shodaqoh dateng Fakir-Miskin kolo wahu.

Poro Bapak, poro Ibu, hadirin sekalian !




Sak meniko sampun dugi wulan syawal, wulan ingkang penuh dipun rameaken lan dipun meriahaken dening sedoyo umat Islam. Kranten ing wulan menikolah saat meledakipun kegembiraan ingkang penuh harapan menuju kearah hidup baru gesang ingkang langkung sahe, katimbang wulan ingkang berlalu.



Pramilo monggo kesempatan wulan syawal meniko kito ginaaken kangge bersilaturrohim, mempererat tali persaudaraan antara keluarga, famili, konco-konco lan sanak, shoho sederek seagomo lan seperjuangan. Mungkin wonten ing saat-saat ingkang berlalu terjadi kesalahan-kesalana utawi sering melakukan hal-hal ingkang mboten nyekecoaken manah. Sering timbul rasa iri, dengki, buruk sangka, mangkel-mangkelan lan sanesipun.



Pramilo saat meniko kito bucal, kito lenyapaken mawi berjabatan tangan, kito isi kanti halal bihalal, saling maaf memaafkan lahir lan batin.



Monggo kito ndugeni, kito panggihi sanak keluarga, sahabat karib, tiyang sepuh kito, guru-guru kito, kanti bersilaturahim, supados gesang kito meniko angsal berkah sangking Alloh SWT. Kanjeng Nabi sampun dawuh :



مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِى رِزْقِهِ وَيُنْسَاءَ لَهُ فِى أَثَرِهِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ



Artosipun :



“Sing sopo wonge pengin diluasne rizkine, lan didawakne (di berkahi) umure, mongko becik silaturrohmi (nyambung sanak sedulure)”



Poro Bapak, Poro Ibu hadirin sekalian !



Dados wal hasil wonten ing kesempatan wulan Syawal meniko, monggo kito tingkataken mutu pendidikan lan praktek, utawi mewujudkan sedoyo amal ingkang saget mbeto bahagia, sejahtera wonten ing duniyo lan akhirat. Mengingat kata penyair :



إِذَا فَتَنِى الْيَوْمُ وَلَمْ أَكْتَسِبْ عِلْمً* وَلَمْ أَصْنِغْ يَدًا فَمَا ذا كَ مِنْ عُمْرِى



Ingkang artosipun :



“Naliko wis ngliwati aku sijining dino, lan aku durung ngasilken ilmu pengetahuan, lan durung ngasilaken pekerjaan tangan, Mongko opo gunane umurku ing dino iku”







Poro hadirin sekalian !



Sesuai kalian kata syair kasebut, monggo kito berusaha ningkataken pendidikan dateng putri-putri kito generasi mendatang, supados dados generasi ingkang berguna lan berjasa, ingkang sanggup dibebani seribu macam tugas, saking agomo, bangsa lan negoro. Kranten generasi meniko ingkang menentukan masa ingkang bade dateng. Kata penyair malih :



لَقَدْ غَرَ سُوْا فَا ءَ كَلْنَا وَإِنَّنَا * لَنَغْرِسُ حَتَّى يَأْ كُلَ النَّاسُ بَعْدَ نَا



Ingkang artosipun :



“Sa’temen wong-wong sakwuse kito wis podo nandur jasa, lan kito sing mangan jasane. Lan yektine kito ugo nandur jasa supaya wong-wong sing sak wusi kito biso mangan jasa kito (metik jasa kito)”



Poro rawuh ingkang kulo hormat !



Kintenipun cekap semanten atur kulo, sedoyo kelepatan nyuwun pangapunten.



مِنَ الْعَا ئِدِيْنَ وَالْفائِزِيْنَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنَّ وَمِنْكُمْ اَجْمَعِيْنَ



و بالله التو فيق و الهداية



والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته

Kamis, 23 Desember 2010

Tresno Sudro




~abote wong nandang tresno....

tak belani nganti tekan pati....

tresnaku mung kanggo siro...

kusumo sing ayu merah ati...

awan bengi ora biso lali tansah eling....

ngnti kapan aku ora ngerti..

iso nyanding sliramu...


*


abote dadi wong sudro...

tresno tulus ora dipercoyo...

wong tuwo ngumbar sujono..

tansah iro aku wong durjono...

pancen dalan sing tak liwati..

ngalor ngidul mung bentul...

paribasan turu klesedan..

uripku tansah cedak pacoban...


*


cah ayu...2x

tak enteni....

lilane wong tuwamu maringke kowe..


sing sabar ...2x

yo tresnaku...

ing tembe mburi bakal dadi duwekku...


duh gusti sing tak puji paringono dala kanggo tresnaku.....